Selasa, 01 Maret 2011

Lagu Jawa

~Nurhana~
Kusumaning ati
Duh wong bagus kang tak anti
Mung tekamu biso gawe
Tentrem ning atiku
Biyen nate janji
Tak ugemi ora bakal lali
Tur kelingan jroning ati
Sak bedahing bumi
Kadung koyo ngene
Sak iki piye karepe
Malah mirangake
Manis pambukane
Kok pahit tibo mburine
Pancen mangkelake
Amung pamujiku
Mugo-mugo rak ono rubedho
Sak pungkure
Nggonmu lungo
Ora kondo-kondo
Lingsir Wengi
~Lestra~
Lingsir wengi
Sepi durung biso nendro
Kagodho mring wewayang
Kang ngreridhu ati
Kawitane
Mung sembrono njur kulino
Ra ngiro yen bakal nuwuhke tresno
Nanging duh tibane aku dewe kang nemahi
Nandang bronto
Kadung loro
Sambat-sambat sopo
Rino wengi
Sing tak puji ojo lali
Janjine mugo biso tak ugemi
Keno Gudho
~Lestra~
Nalikane dek jaman semono
Tresnamu setyo lan tuhu
Anane mung tansah ngalembono
Jujur ora nate cidro
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Mulo aku tansah animbangi
Tresnaku ginowo mati
Ora ono lingtang kang sumunar
Amung ndiko pepujanku
Sliramu pamit tugas ngayahi
Mrih rahayu ne sessami
Nggonku muji kariyo basuki
Suk kapan anggonmu bali
Peteng ndedet rasaning atiku
Bareng keprungu khabarmu
Nyatane sing kondur mung layangmu
Ora liyo keno godho
Ojo Lamis
Ojo sok gampang
janji wong manis
yen to amung lamis
Becik aluwung prasojo nimas
Ora agawe cuwo
Tansah ngugemi
Tresnamu wingi
Jebul amung lamis
Koyo ngenteni
Thukuling jamur
Ing mongso ketigo
Aku iki prasasat
Loro tan antuk jampi
Mbok ojo mung lamis
Kang uwis dadine banjur didis
Akeh tulodo wong demen cidro
Uripe rekoso
Milih sawiji ngendi kang suci
Tanggung bisa mukti
Gethuk
Sore sore Padang bulan
Ayo konco podho dolanan
Rene-rene bebarengan
Rame rame e … do gegojegan
Kae-kae rembulane
Yen di sawang kok ngawe-awe
Koyo-koyo ngelengake
Kanco kabeh ojo turu sore-sore
…Gethuk
Asale soko telo mas
…Moto ngantuk
Iku tambane opo
…Ala ala gethuk
Asale soko telo mas
…Yen rak pethuk
Atine rodo gelo
Ojo ngono mas
Ojo-ojo ngono
Kadung janji mas
Aku mengko gelo
Wes Hewes hewes
Wes Hewes Hewes
Dikandani ora ngrewes
Nganyelke ati
Wes Hewes Hewes
Ganti klambi langsung bablas
Tanpo basa basi
Wes Hewes Hewes
Molor koyo permen karet
Ra mari-mari
Janjine teko ditunggoni nganti wengi
Ra bali-bali
Jo ngono mas
Ojo ngono
Ndisik ngene saiki kok ngono
Pipo londho kacang dionceki
Lungo terus sopo to sing diparani
Ojo ngono mas ojo ngono
Pipo ledeng ojo ditutuki
Ngakune aku sing ditresnani
Nyatane aku ratu dikancani
Prau Layar
Yo konco ning nggisik gembiro
Alerap lerap banyune segoro
Angliyak numpak prau layar
Ing dino minggu keh pariwisoto
Galo praune wis nengah
Byak byuk byak banyu binelah
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu
Ngilangake roso lungkrah lesu
Adik njawil mas
Jebul wis sore
Witing kalopo katon ngawe awe
Prayogane becik balik wae
Dene sesuk esuk
Tumandang nyambut gawe

1 komentar:

  1. Numpak sedhan nganggo blangkon
    angkutan umum dadi becax
    mbiyen premium saiki pertamax
    wong luwe ora kongang ngadeg

    Wis suwe ora mangan gudheg
    wani mbanting oleh dedeg
    ayo mancing golek dheleg
    ngadeg jejeg nyungggi klapa
    ora kaya ewuhe nyunggi duren
    ora bisa ngadeg bukane apa-apa
    ning merga lemes saking olehe keluwen

    BalasHapus